Sengara Mati

Siti Aminah

(Mekar Sari Kedaulatan Rakyat, 28 September 2014 dengan judul Ora Bakal Mati)

Telung minggu kepungkur

“Kita kudu percaya menawa sastra Jawa ora bakal mati!” celathune Adhi –ketua sanggar sastra Jawa- lantang, mungkasi sesorahe awan iku.

Aku nembe wae teka. Nembe mapan lungguh. Triman Laksana, sastrawan Jawa seniorku mesem meruhi tekaku.

Suwara keplok sanalika keprungu sajeroning ruang perpustakaan kang awan iku dadi papan patemonan.

Wolu las taun kepungkur

Sastra Jawa sengara mati. Mengkono ngendikane Pak Aye kang dina iku kajatah nggladhi para sastrawan mudha. Aku sarujuk karo panemu iku. Dakkira semono uga sliramu.

Kita padha dene nembe wae ambyur ing jadaging sastra Jawa. Patemon sastrawan iku dadi papan kita gladhen nulis. Ngiras pantes tepungan karo sastrawan senior kang wis kawentar ing jagading sastra Jawa, uga para redaktur kalawarti basa Jawa.

Aku manten anyar. Sliramu isih legan.

Embuh ing gladhen kaping pira, awan iku aku mbolos metu sadurungu rampung patemonan. Tanpa sangertiku, sliramu jebul nututi aku. Banjur bebarengan kita ninggalake papan patemonan. Bebarengan ngudhuni tlundhakan.

Lan ing papan iku, tanganmu kemlawe narik pundhakku. Banjur lambemu koktemplekake ing pipiku. Chps.

Tanpa tembung kang bisa kawetu, kita padha dene paham. Awit aku bisa maca pangrasamu saka mripatmu. Semono uga sliramu bisa maca isining atiku saka sunar mripatku.

Telu las taun kepungkur

Aku panggah durung duwe momongan. Sliramu wis ora legan.

Sliramu wis dadi penulis Jawa kang monjo. Tulisanmu asring daktemokake kapacak ing kalawarti basa Jawa kang mung papat iku. Tulisanku dhewe, najan ora asring kaya tulisanmu, kala-kala uga kamot ing kalawarti kang padha.

Aku lan sliramu kepethuk ing kantor salah sijining kalawarti iku. Saestu mung kepeneran. Babar pisan aku lan sliramu ora kangsenan. Ing kantor redaksi, sliramu ngelingake jejibahan kita kanggo njaga sastra Jawa supaya ora mati.

Sastra Jawa ora kena mati. Ora bakal mati. Kaya dene pangrasa kang nate tuwuh ing ati kita. Lan dina iku kita padha dene ndhadhagi. Aku nduweni pangrasa marang sliramu. Sliramu nduweni pangrasa marang aku. Sabanjure pangrasa iku kita arani: tresna.

Rolas taun kepungkur

Menawa bojoku bisa menehi aku turun lan sisihanmu bisa nyenengake sliramu, kita ora bakal ngrajut sesambungan samburine wong-wong iku. Sawijining pawadan kanggo mbenerake sesambungan kita.

Aku, wanita kang uga nduweni pepinginan nggendhong momongan. Sliramu, wong lanang kang nduweni impen kasenengan sajeroning urip bebrayan.

“Kepriye yen dadi?” pitakonku sawijining wektu.

“Kepeneran,” wangsulanmu sinambi narik hemku. “Aku dadi duwe alasan kanggo pisahan.”

Sastra Jawa ora bakal mati. Semono uga kapercayanku marang sliramu, kapercayanmu marang aku. Tresna kita ora bakal mati. Amarga kapercayan iku, kita mentala tumindak murang tata.

Mesthine aku wis ngerti, mbuh suwe apa sedhela, iki kang bakal dumadi. Nanging aku meksa kaget nalika ngadhepi.

Wiji kang koktandur tuwuh dadi cikal bakale manungsa ngublak wetengku nalika aku tangi turu. Banjur nyurung lan ngetokake isine arupa utah-utahan. Sega, jangan, salawuhe metu saka wetengku kanthi wujud lan rupa kang wis beda.

Gage dakgoleki sliramu. Daktagih janjimu. Wiwit iku sliramu ngadoh saka aku.

Aku ngerti saiki, menawa aku kudu nglakoni lan ngadhepi dhewe apa kang bakal kedadeyan tumrap awakku.

“Sapa wong lanang iku?” dhedhese bojoku sawijing wengi.

Aku ora wangsulan. Mung luhku kang banjur dleweran. Luh getun. Luh dosa. Luh kapedhotan tresna…

“Sapa?”

Aku panggah meneng. Mingkem.

Banjur keprungu suwara sesenggukan. Alus, lirih. Saya suwe saya sero, saya cetha.

“Aku pancen ora bisa menehi turunan,” tembunge bojoku. Tembung kang metu saka ati kalah lan kelaran.

Minggu candhake tanpa ndhedhes maneh, bojoku cancut tali wanda. “Menawa kowe ora kabotan, ben bayi iku sesuk dadi anakku.”

Dheweke banjur ngrancang crita kanggo keluwargane lan keluwargaku. Aku entuk donatur sperma saka lanang liya. Mengkono kang kudu dakkandhakake marang sedulurku uga sedulure bojoku.

Sewelas taun kepungkur

Meksa aku isih ngarep-ngarep mbokmenawa sliramu bakal ngaruhake bayi ing gendhonganku. Nyatane pangarep-arepku ora thukul. Babar pisan sliramu ora teka nemoni aku, utawa nginguk bayiku kang uga bayimu.

Sms kang dakkirim ora tau kokwangsuli. Mengkonoa, meksa aku isih rumangsa perlu menehi kabar ngenani anak kita. Amarga bocah iku dudu mung anakku, nanging uga anakmu.

Anak kita lair wadon. Waras, slamet.

Sepuluh taun kepungkur

Sastra Jawa ora bakal mati. Nanging gregetku kanggo melu ngurip-urip sastra Jawa prasasat meh mati.

Rasa bungah lan ribet campur dadi siji. Anak wadonku wis saya ngatonake kawasisane. Anane bocah iku ndadekake omahku kang tetaunan nyenyet dadi regeng. Ana suwara tangis, jerit, guyu. Pepak dadi siji ing omah iki.

Anane anak wadonku karo sliramu, nggenepake urip bebrayanku karo bojoku. Babar pisan dheweke ora nate nyatur ngenani sapa bapakne anak kita. Katresnane marang bocah iku saya suwe saya ngrembaka. Mengkono uga tresnane marang aku.

Antarane rasa sukur, bungah, beja, getun, dosa, kala-kala campur dadi siji lan mbeseseg ing dhadhaku. Ora kleru anggonku milih wong lanang minangka bojoku. Nanging anane winihmu kang dadi tapaking dosa lan getunku, uga nambahi rasa sukurku.

Pitung taun kepungkur

Kala-kala aku lali menawa anakku iki dudu thukulan winih dhedheraning bojoku. Iki winihmu.

Sliramu prasasat mung kari tipaking sejarah sajeroning uripku. Kaya kang dikarang bojoku ngenani donatur sperma, ya ngono iku pangrasaku tumrap sliramu.

Setaun kepungkur

Anakku wadon wis meh prawan. Menawa dandan ora etung wektu. Rambute kang ireng dawa dijungkati nganti makaping-kaping. Pupuran ra leren-leren. Kamangka tanpa kudu nindakake iku, dheweke wis ayu.

Dedege lencir pakulitane kuning. Ora kaya aku apa dene bojoku. Taktamati anggone dandan kanthi pikiran kang nglambrang. Saupama sawijining wektu dheweke takon ngenani bab iku, kepriye wangsulanku?

 Telung minggu kepungkur

“Sugeng rawuh Mbak Ita,” dumadakan Adhi celathu maneh sawise para rawuh bali lerem.

Aku gragapan. “Inggih, matur nuwun,” wangsulanku.

“Tasih pitados menawi sastra Jawa sengara pejah?” pitakone sinambi nyengir.

Aku mesem. Manthuk, “Inggih,” wangsulanku waton mangsuli.

“Suwe banget ra ketemu,” Triman mbisiki aku sinambi ndhoyongake awake. “Sesuk teka neng Festival, ya?”

Rong dina kepungkur

Dakajap sliramu isih eling. Kita janji bakal tansah menehi nyawa kanggo sastra Jawa.

Sawijining sms daktampa saka nomer kang ora dakngerteni. Najan mengkono aku ngerti. Iku sms saka sliramu. Sanalika dakcekel kenceng tangane anakku.

Ing sessi sastra Jawa Festival Kesenian Kota, aku milang-miling. Sliramu methi uga ana papan kang padha karo aku.

Dumadakan saweneh wong lanang lencir kuning njejeri lungguhku. Aku gragapan.

“Bocah iku?” pitakone sinambi nglirik anakku.

Ing panggung saweneh sastrawan Jawa senior isih sesorah. Menehi bukti menawa sastra Jawa isih duwe nyawa. Nanging aku wis ora kepingin nyatur bab iku karo sliramu.#