Singkar

36f73-kaversingkarsiluetbulanluka

Papat

Nusa ngebrukake awake ing dhipan cilik tanpa kasur. Sirahe pating srenut, awake lemes. Pirang-pirang dina iki dheweke pancen kurang sehat. Nanging gandheng ing sawah akeh gaweyan mula kepeksa tetep temandang.

Singkar, sawijining desa slawe kilo sakidul punjering kutha. Desa kang keliwatan kali gedhe kang kimplah-kimplah banyune, nanging ora duwe saluran irigasi kanggo tetanduran ing sawahe. Menawa rendheng teka, wong-wong padha nandur pari. Njagakake tibane udan kanggo mbanyoni. Yen mangsa udane dawa bisa panen pindho kanthi asil kang lumayan. Nanging yen nuju udane mung sedhela, kepeksa panen kang kapindho kena puso. Padatan wong-wong ing desa iku padha nandur mbako sawise panen kapindho, sinambi ngenteni tekane mangsa rendheng. Pancen asile kalah karo mbako Temanggung, wewengkon kang diapit dening gunung Sumbing lan Sindoro lan kondhang minangka papan kang ngasilake mbako kang becik ing Jawa Tengah. Ewa semono, mbako Singkar bisa dadi panyanggane saperangan warga sinambi ngenteni rendheng teka.

Nusa nembe wae mak ler, nalika lawang ngarep didhodhog wong. Melek. Nanging ora gage menyat. Sirahe kang krasa abot njalari aras-arasen tangi. Nalika krungu suwara lawang didhodhog maneh, nembe dheweke menyat tumuju ngarepan.

Titok ngadeg ing ngarep lawang. Tanpa nyopot jaket lan helme. “Ngerti mbakyuku ora, Mas?”

Nusa kethip-kethip sendhen lawang. Isih ayub-ayuben. “Apa?”

Titok mlebu tanpa dimanggaake dening sing duwe omah. “Mbak Ni lunga,” kandhane sinambi nyopot helm. Banjur lungguh ing salah sijine kursi kayu lawas setengah rusak kang ana ing ruang iku.

“Neng ngendi?” Nusa nggeret kursi ing sisihe Titok banjur diadhepake marang tamune.

“Lha ya kuwi, ora ana sing ngerti. HP-ne mati. Neng BEM ora ana. Kanca-kancane ya ora dha ngerti.”

“Lha rak biasa ta Nani lunga?”

Titok ngolet. Sajake kesel mentas numpak kendharaane adoh. “Iki ora biasa. Duwe wedang ra, Mas?”

Nusa mlebu. Ora suwe metu maneh nggawa teko lan gelas siji. Bingung anggone arep nyelehake. Ora ana meja. Kursi kang mung loro wis kanggo lunguh dheweke lan tamune. Sidane Nusa mlebu maneh njupuk kursi saka njero kamare.

“Wis pirang dina?” pitakone Nusa sawise Titok leren ngombe.

“Wingenane. Nelepon sampeyan, ra?”

Nusa gedheg. “Sesuk rak bali dhewe.”

“Perkarane ki Mbak Ni bar padu ro Ibu. Cah kae ki nekadan je. Nek ora ana apa-apa wae aku ra nggoleki.”

Nusa meneng. “Njaluk udute kene.”

Titok ngethungake udute. Banjur nyumetake nganggo koreke. Let sedhela kekarone katon klepas-klepus ngetokake kebul campur nikhotin saka cangkeme.

“Pangrasaku Nani apik-apik wae. Mbakyumu kuwi wis gedhe. Wis ngerti resiko lan bebaya. Dadi ora ana sing perlu dikuwatirake,” tembunge Nusa nggedhekake atine Titok.

Sawise kuwi kekarone ora padha cecaturan. Mung klepas-klepus nerusake udute. Bareng wis entek saudutan, Titok pamitan. Nusa nguntapake tekan pinggir lurung.

Breg. Nusa bali ngebrukake awake ing dhipan. Nggeret bantal, sendhen ing lendhetane. Senajan yakin yen ora ana apa-apa tumrap Nani, ora wurung dheweke uga dadi mikir. Ana ngendi bodah kuwi saiki. Ngranggeh HP ing meja lan lekas nunul keypad-e ngecek pulsa. Isih kena kanggo miscall. Hm, ora aktif. Bener kandhane Titok.

Nusa nyekeli pilingane. Loro pisan. Sirahe saya krasa pating crenut. Penyakit kang wis dadi langganan. Padatan yen kaya ngene iki mung merga kurang gizi. Tenaga lan pikiran kang diwetokake ora cucuk karo kang diserep dening pembuluh darahe.

Urip kekurangan wis dadi sandhang penganggone. Rong taun lawase Nusa manggon, dadi perangane warga desa kene. Desa kang mapan ing ereng-erenging pegunungan. Tori, kancane kang sepisanan nggawa dheweke mrene. Ngenalake Nusa marang wong-wong desa, nom lan tuwa, lanang lan wadon. Nuduhake kahanan sakupeng desa, sawahe, tandurane, lan sapiturute. Tori uga kang ngajari dheweke urip prihatin, nyawiji karo wong-wong desa. Ninggal pakulinane minangka cah nom kutha kang mburu seneng lan nyadhong urip saka wong tuwa.

Bangsa kita masih membutuhkan pejuang, Bung,” tembunge Tori, kancane sapondhokan biyen, nalika dheweke isih kuliah ing Atma Jaya taun kapisan. “Apa kamu kira kita wis merdeka? Durung!”

Ah, orasine aktivis! Batine rikala semono. Tembung-tembunge Tori kang kena diarani heroik kuwi mung bablas ngono wae. Kanggone Nusa apa dene kanca-kancane, Indonesia kuwi wis merdika wiwit tanggal 17 Agustus taun 1945. Genah pendhak tanggal 17 Agustus wae upacara hari kemerdekaan kok. Karo maneh, Nusa wis niyati gage ngrampungake kuliahe kaya janjine marang bapakne. Mula samubarang kang ora ana gegayutane karo mata kuliah ora patiya digatekake. Dadi tembung-tembunge Tori kuwi ora ana tegese apa-

apa. Nganti sawijining wektu Tori kang lagi wae ngrampungake KKN-ne pamitan, metu saka pondhokan. Arep urip neng desa kang dienggoni KKN jarene. Nusa ngguyu. Desa KKN? Sepira suwene anak Kapolres Pekanbaru kuwi betah urip ing desa? Romantisme pasca KKN, guyune. Nyatane nganti pirang-pirang sasi bacute Tori ora bali. Teka rasa kangen marang kakak tingkate, kancane caturan lan gojegan kuwi. Kanggone, Tori beda karo kanca liyane. Tori kang lucu, bisa nglipur ati lan tansah bisa ngurupake semangate kanca-kancane, kalebu dheweke. Nalika Nusa takon karo kanca organisasine Tori ing ngendi bocah kuwi, diwangsuli menawa dheweke dadi petani ing Singkar.

Dadi petani! Hah! Penasaran, Nusa nekad nggoleki. Singkar, papan kang durung tau diambah. Nanging saka ancer-ancer kang diwenehake dening kancane, dheweke yakin bisa nemokake Tori. Saka kutha Nusa mbandhangake kendharaane bablas mengidul metu saka kutha. Ngliwati bulak lan padesan. Saya ngidul lemahe saya dhuwur. Sisih kiwa dalan katon trawang-trawang Pegunungan Kidul kang saya suwe saya cedhak lan nyawiji karo dalan kang diliwati.

Aneh kanggone dene ing wewengkon kaya ngono dheweke meruhi bangunan gedhe apik, kaya kompleks perumahan lan pertokoan kang ambane bisa puluhan hektar. “Prajan Kota Mandiri” mengkono tulisan ing sawijining plang rupa ijo kang  gedhe. Ora antara suwe katon kreteg kang uga gedhe. Jare kancane kang menehi ancer-ancer, sakidul kreteg iku wis mlebu wewengkon Singkar.

“Eksotis desamu, Tor,” celathune Nusa sawise mubeng-mubeng nggoleki lan ketemu Tori.

“Eksotise nggon endi?” Tori naggapi. Basa Jawane isih panggah wagu. “Desa di lereng gunung, dengan jalan berkelok, tandus, miskin. Eksotis tur romantis. Wah, kuwi sudut pandange turis, Sa. Yo, mlaku-mlaku. Ben kowe makin isa nglihat eksotismene desa iki.”

Tori menyat dikantheni Nusa. Metu saka latar bablas mengulon, mlebu desa. Sepi. Wayah ketiga ngene iki akeh wong desa kang bebara menyang kutha, adol tenaga, jare Tori. Senajan mengkono, makaping-kaping lakune bocah loro iku kandheg merga papasan karo warga lan nglegakake ruruhan sedhela. Kondhang temen, aloke Nusa sajeroning batin.

Sinambi mlaku Nusa nyepadakake sakiwa tengene. Omah-omah kang prasaja. Akeh kang wis bata senajan tanpa plester. Yen disepadakake, katon menawa bata-bata mau ditata tanpa templekan semen blawu kang cukup. Mbokmenawa malah akeh kang tanpa semen. Mung gamping, pasir, lan remukan bata. Saperangan mung batan ing ngarepe, lan gedheg ing sakupenge. Dene kang isih wutuh gedheg mung kari siji loro.

Tekan pinggir desa lakune kekarone kandheg. Tori njawil Nusa ngajak mampir ing sawijining omah kang madhep sawah. Durung nganti uluk salam, pawongan kang lungguhan ing ngarep lawang wis mbengoki.

“He! Mrene, Mas!”

Tori nepungake Nusa marang Lik Parman. Mengkono Tori nyebut wong mau.

“Suwe ora dolan ta Mas?” Lik Parman ngajak tamune mlebu.

“Lagi sibuk je. Nyoba nandur kedelai ro Pak Min.”

“Wah, wis tambah pinter basa Jawa ta saiki,” Lik Parman ngguyu. Sajake basa Jawane Tori krasa lucu ing kupinge. “Ora, lha kok reka-reka nandur dhele barang ki…”

“Lha nyoba. Kedelai kan isa dimakan. Lha kalau tembakau? Nanti simpanan padi habis, makan tembakau?

“Iya, ya kaya aku iki. Mung udad-udud wae,” Lik Parman ngranggeh wadhah mbakone.

“Jare payu larang saiki, Lik?”

“He-em, slawe ewu. Lha ning sekilo enteke rong minggu. Apa ya arep urip rong minggu slawe ewu?”

Lik Parman uthak-uthik nglinting udute. Tori melu-melu. Nusa gedheg ditawani, jare durung wani.

Nusa ngadeg, nyawang sesawangan njaba saka lambe cendhela. Adoh ing lor kana, lamat-lamat, katon bangunan-bangunan dhuwur, apik lan anyar. Sajake kuwi perangan saka kompleks Kota Mandiri kang mau diliwati. Panyawange pindhah ing papan liyane, ing ngarepe, katon sawah ngeblak nganti wates kampung liya. Nusa namatake. Ana kang katon ijo dene tanduran mbako, ana kang ditanduri tela utawa suket kalanjana, sisih kana katon tanduran jagung, lan ana uga kang diujarke ngono wae.

“Kok ora ana sing nandur pari?” ketrucut Nusa pitakon.

“Wah lha nggih ngeten niki Mas, nek nggon subur,” Lik Parman kang aweh wangsulan, semu nggojegi. “Ten ngriki niki nandur pari namung nek ungsum udan. Nek ketiga nggih kaya ngeten niki.”

Nusa bali nyepadaake hektaran sawah ing ngarepe. Iya. Nembe sadhar dheweke menawa ing kene ora ana irigasi!

“Tadah hujan?”

Tori manthuk. “Singkar dan sekitarnya. Padahal rong kilo saka kene ana kali gedhe yang banyak airnya. Ya, Lik?” Tori nyawang Lik Parman. Banjur bali marang Nusa. “Ironis, ta? Dadi dudu eksotis utawa romantis maneh, Sa.”

Iya, Nusa kelingan. Mau, sadurunge menggok mlebu menyang dalan padesan, dheweke ngliwati kreteg kang dawa lan ing ngisore katon kali kang kimplah banyune.

“Bola-bali ganti bupati, ning kahanane ya tetep ngene iki,” Lik Parman crita kebak semangat. “Dijaluki saluran irigasi mung nyemayani. Lha Bupati sing iki, sing jarene mbela wong cilik, pancen teka mrene, ning mung ngaruhake thok. Lha bar kuwi malah mbangun perumahan. Kae, Kota Mandiri rak asile ninjau pertanian kene. Perumahan neng tengah alas, lha sapa sing arep migunakake? Jarene pas mrene biyen malah entuk kabar yen lemah kene isih murah, njur dituku nggo perumahan kae. Jarene lho. Jarene wong-wong kae.”

“Lha irigasine?” pitakone Nusa.

“Lha rak ya ketok ta, rung ana tekan seprene. Maune mbok nyudhet kali lor kae, gawe irigasi, rak malah cetha. Atusan hektar sawah isa diileni. Kabupaten ra perlu bingung, nekakake beras saka papan liya yen ketiga ngene iki. Timbang mbangun perumahan sing ora dienggoni.”

Ya kuwi wiwitane Nusa mikirake apa kang dikarepake “pejuang” dening Tori.

 

Iklan

Tinggalkan Balasan

Isikan data di bawah atau klik salah satu ikon untuk log in:

Logo WordPress.com

You are commenting using your WordPress.com account. Logout /  Ubah )

Foto Google

You are commenting using your Google account. Logout /  Ubah )

Gambar Twitter

You are commenting using your Twitter account. Logout /  Ubah )

Foto Facebook

You are commenting using your Facebook account. Logout /  Ubah )

Connecting to %s