Singkar

36f73-kaversingkarsiluetbulanluka

Lima

Inten nembe ingkul ngethok-ngethoki dluwang ing teras nalika Nani teka. Krungu suwara kendharaan mlebu latar, Inten njengek. Gunting ing tangan gage diselehake lan mbagekake tamune.

“Wah, dengaren, dengaren. Ora ana prenjak muni kok ketekan dhayoh iki,” Inten mbagekake. Grapyak kaya adat sabene.

“Prenjake wis dha mati, dibedhili,” Nani mangsuli. Kekarone ngguyu.

“Sik, lungguha kana. Dakberesane mengko lek crita, ya,” Inten nata dluwang kang pating slebar. Ana koran, kardus wadhah susu, HVS bekas, lan sapanunggalane.

“Gawe apa ta In?” Nani ngranggeh saweneh kardus ing ngarepe.

“Wis mengko dakcritani. Yo, mlebu sik, dakgawekake wedang. Aku mau nggodhog gedhang. Kae le ngundhuh ngarepan.”

Isih karo nggendhong ransel ing pundhake, Nani mlebu omah ngetutake Inten. Luwih setengah taun dheweke ora ngambah omah iki. Samubarange wis katon luwih becik, resik. Jobin semen lungset diganti keramik putih gilap. Tembok kang biyen bureg wis dicat anyar. Semono uga perabotane, katon isih padha kinclong.

“Arep mantu pa In, kok kabeh anyar,” Nani celathu.

“Mantu apane. Durung payu je, Nan. Neng pawon wae, ya?”

Tanpa ngenteni wangsulane Nani, Inten bablas menyang pawon. Nani panggah ngetutake ana mburine. Pawon kang isih padha biyen, malah tembok sing sisih kulon, cedhak keren, katon tambah ireng, kandel. Tumpukan kayu panggah ana pojokan, sacedhak keren loro. Dene ana sisih wetan, amben cilik kanggo seleh bumbon lan perkakas.

“Weh, Mbak Nani. Dangu mboten tindak mriki,” ibune Inten metu saka jedhing ngruruhi.

Nani ngulungake tangane, salaman. Sabanjure wong wadon iku mlebu ing omah ngarep lan wis ora keprungu suwarane.

Nani nyelehake ransele ing amben. Lungguhan sinambi nunggu Inten kang iwut gawe wedang. Wis ana dhekokan, kari ngecurake, nambahi banyu panas, lan nggulani. Ing meja katon gedhang kapok godhogan sapanci. Inten njupuk piring lan madhahi sacukupe.

“Nyo, diombe dhisik,” kandhane Inten sinambi nyelehake wedang lan gedhang ing amben. “Priye kabare? Arep lulus kapan?”

Nani ngranggeh gelas, ndamoni isine. “Mbuh iki. Proposale wae ra dadi-dadi. Lha kowe priye?”

Inten gumuyu, “Ya padha. Ning aku wis bab siji,” celathune sinambi njupuk gedhang ing sandhinge. “Legi banget lho iki Nan. Eh, ora, lha kowe ki saka ngendi apa arep menyang ngendi? Kok nggendhong gawan ngregiyeg?” bacute sinambi nglirik ransele Nani.

Nani nabok ransel ing mburine. Plek. “Arep kemah!” wangsulane.

“Oh, tenda ta, kuwi?” Inten ngguyu. Katon untune kang ora patiya rapi.

Nani mlecu. “Padu ro ibuku.”

“Terus minggat ngono?” Inten saya ngguyu.

“Kowe ra ngerti perkarane!” Nani rada mbrabak.

Inten mandheg anggone ngguyu. Meruhi prahenane kancane kang nembe ora kepingin diguyoni.

Kret, lawang kamar sacedhak pawon iku menga. Yadi, adhine Inten metu, njupuk wedang. “Suwe ora dolan, Mbak.”

Nani mangsuli sacukupe.

“Kowe kelingan Kurniawan, ta?” Nani mbacutake sawise Yadi ora katon maneh wujude.

“Sing kos neng cedhakmu kae, sing sok ngrewangi ibumu ta?”

Nani manthuk. “Dheweke ki seneng karo aku.”

“Lha! Ditampa wae. Bocahe rak becik tur…”

“Ah, mengko dhisik, ta,” Nani munggel, rada mangkel.

Sanalika Inten mbekep lambene. “Wis, terusna, terusna. Aku dakmeneng, ngrungokake.”

Nani nglirik Inten. Isih rada mbesengut. Ora suwe dhweke mbacutake, nyritakake apa kang kedadeyan tumrap dheweke. Saka Kurniawan, Nusa, tekan ibune. Nganti Nani rampung critane, Inten isih panggah meneng wae.

“Aku daknginep kene sik ya,” Nani kumecap maneh.

Inten unjal ambegan. “Ora apa-apa. Ning ora ateges masalahmu rampung lho.”

“Iya, aku ngerti. Lunga ora ngrampungke masalah. Ning yen aku tetep ana ngomah, ya isa bengep raiku. Nangis terus seminggu.”

Inten menjep. “Gembeng!”

“Coba kowe ngalami dhewe!”

“Gah!”

Nani njambak alon rambute Inten kang kriting. Gemes. “Kowe kudune nyukuri duwe wong tuwa kang ora meksa kekarepanmu.”

“Lha kowe ki ya kudune nyukuri, ibumu nggatekake, nggolekaki calon bojo sing genah dina ngarepe, tanggung jawab, pangerten…. Aduh, aduh…,” Inten nyekeli sirahi kang bali dijambaki dening Nani.

“Kuwi jenenge ndikte!” Nani metu siunge.

“Nan, mbokmenawa ibumu pancen kurang pener, nanging aku yakin dheweke mesthi duwe karep kang becik. Endi ana wong tuwa nyilakakake anake?”

“Ana!” Nani nyaut. “Kae iwak arwana, yen ora entuk pangan, mangan anake dhewe.”

“Ibumu rak dudu arwana, ta?” Inten nyengir. “Wis ta, percayaa yen karepe ibumu ki jane becik. Mung wae carane sing kurang pener. Kowe percaya kuwi sik, ben atimu ilang panase!”

“Yoh, yoh. Aku percaya, ning…”

“Ora usah nganggo ‘ning’! Senajan ora tepung becik, sethithik-sethithik aku ngerti si Kurniawan kuwi. Kayane dheweke pancen bocah sing becik…”

“Ck! Kowe ki…”

“Sik ta, ora usah munggel-munggel kaya ngono. Psikolog iki lho sing lagi ngendika,” Inten setengah ngguyu setengah gemes marang Nani kang tansah munggel tembung-tembunge. “Endi ana wong tuwa ora kepingin nyawang anake urip seneng? Apa maneh wong tuwa kang rumangsa anake kurang pengalaman bab urip. Padatan banjur sok cawe-cawe awit durung percaya anake bisa milah endi kang becik lan ala kanggo dheweke. Kaya wong tuwamu kuwi.”

“Ora percaya yen aku bisa urip seneng karo Nusa?”

“Mbokmenawa,” Inten ngangkat pundhake. “Mbokmenawa uga ora percaya kowe kopen urip bareng cah kuwi. Lha ngopeni rambute wae ora bisa.”

“Hh…,” Nani bali nguyeg rambute Inten.

Inten nangkupake tangane ing sirahe. “Tulung… tulung… Dakakon bali lho kowe yen nganiaya aku wae!”

Nani ngeculake tangane. Ngranggeh gelas kang kari separo isine. Inten nata maneh rambute.

“Terus saiki aku kon priye?” pitakone Nani sawise ngglegeg wedange.

“Aja kokmungsuhi ibumu,” wangsulane Nani sawise mikir sedhela. “Disrantekake sik. Mengko rak lerem dhewe. Dakkira ibumu ya wis ora wani meksa maneh. Yen anak kelara-lara ki ibune ya melu keranta-ranta, lho.”

“Nggih, Bu.”

“Sing baku,” Inten ora maelu, “kowe kudu bisa mbuktekake yen pilihanmu ora kleru. Kowe bisa entuk kabagyan kanthi pilihanmu. Sesuk ibumu mesthi luluh dhewe.”

Nani meneng. Unjal ambegan dawa. Nyoba ngrasakake tembung-tembunge kancane. Mbokmenawa ana benere. Sasuwene iki dheweke ora tau regejegan karo ibune. Ibune uga prasasat ora tau gawe kuciwane. Apa kekarepane Nani, sauger iku isih ing dalan kang bener, mesthi diusahakake. Ya sepisan iki dheweke gegeran. Lan ora baen-baen, bab pacangan. Mula Nani rumangsa banget kelara-lara. Ibune kang tansah anut lan nyengkuyung kekarepane, sepisan iki nyoba nemtokake. Ndhilalah ing perkara kang ora kena diarani sepele.

Iklan

Tinggalkan Balasan

Isikan data di bawah atau klik salah satu ikon untuk log in:

Logo WordPress.com

You are commenting using your WordPress.com account. Logout /  Ubah )

Foto Google

You are commenting using your Google account. Logout /  Ubah )

Gambar Twitter

You are commenting using your Twitter account. Logout /  Ubah )

Foto Facebook

You are commenting using your Facebook account. Logout /  Ubah )

Connecting to %s