Singkar

36f73-kaversingkarsiluetbulanluka

Nem

“Eh, lha kowe le skripsi kok sambi apa kok proposal wae rung dadi?”

Nani gedheg, banjur ngranggeh gelase, diglogok sanalika. “Tambah ya, In?” celathune banjur menyat, ngiling wedang dhewe. Bali lungguh maneh ing sandhinge Inten. “Ya mung wira-wiri wae.”

“Isih neng BEM*?”

“Isih, ya ora neng kepengurusan inti, ning tetep akeh gaweyane. Aku neng pengkaderan. Yen gawene sing gedhe ya mung pendhak semester. Ning follow up-e ra ngerti wayah. Terus, nempleki kader potensial kuwi.”

“Lha kok ndadak ditempleki?” Inten semu guyon. “Yen jenenge potensial ki ra usah ditemplek wis mara dhewe.”

“Ya jenenge golek bala. Mula kene sing kudu pro aktif. Alumni pengkaderan sing katon maju, biasane ra luwih saka sepuluh persen, sing ditemplek kuwi. Padatan senajan wis luwih maju tinimbang kanca liyane, nanging isih ana kang kudu dipenerake utawa ditambah pengetahuane. Kanggo mahasiswa saiki, kuliah ki sing penting entuk indeks prestasi apik, lulus entuk gaweyan sing bayare akeh. Lha sing mikir kuliah ki golek ilmu, apa maneh mikirake yen ilmu iku bisa kanggo mbiyantu wong liya, kuwi wis bisa dianggep maju,” Nani njlentrehake.

“Terus tekan ngendi le nemplek? Mung tekan sakupeng kampus, ta?”

“Fokuse pancen mahasiswa, ning ora ateges kegiatane mung neng kampus karo mahasiswa. Ana sing mbangun gerakan neng desa, pancen kurang diminati karo cah-cah. Ning kuwi ana,” mandheg sedhela. “Kowe ki lho seprana-seprene kuliah kok ya ra ngerti. Mulane dolan-dolan ta.”

“Iya ya, ben katon gagah ngono.”

“Ora perkara gagah, In. Nanging pancen ana utawa malah akeh kang kudu dibenahi tumrap kita iki. Yen kabeh mung mikirke sinaune, tanpa gelem mikir kahanan sosial, budaya, ekonomi, politik, lan liya-liyane kang ora diwenehake dening dosen ing ruang kuliah, terus sesuke kita arep dadi apa? Jenenge wae sing mahasiswa, mentereng, nanging ngertine mung sing ana ing buku.”

“Mula luwih becik dadi mahasiwa sing aktivis. Iya, ta? Aksi, macetake dalan, mlebu tivi, koran, dadi kondhang. Ta? Durung maneh kuliahe kethetheran.”

“Ah, kowe negatif banget ndeleng organisasi mahasiswa. Mbokmenawa ya kaya ngene iki umume mahasiswa!” Nani lekas panas.

“Ora kok arep miyak alane, aku mung nyritakaake gambaranku ngenani organisasi mahasiswa,” Inten mbelani. “Organisasi mahasiswa, iya ta? Mula yen wis ora dadi mahasiswa, ya ora beda karo wong liyane. Golek gaweyan, terus dadi manten, duwe anak, klumpuk-klumpuk tuku omah, tuku mobil, urip kepenak, celengane akeh. Wis ora ana tilase le dadi aktivis mahasiswa.”

Nani meneng, ora aweh wangsulan. Ngeling-eling, sapa wae seniore kang isih panggah ing gerakan, lan sapa kang kianat marang gerakan, utawa kang ora nilas babar pisan. Urip kaya wong-wong umume. Nyambut gawe, nyenengke anak bojo, dadi warga masarakat kang srawung sacukupe. Ora ana pepinginan ngowahi kahanan utawa tatanan ing masarakat. Naning ngetung-etung jeroning ati. Mbokmenawa pancen bener kandhane Inten, aktivis mahasiswa, akehe pancen mung aktif nalika isih dadi mahasiswa. Rampung kuliah, lulus, banjur padha golek urip dhewe-dhewe, nglalekake perjuangane. Mung saperangan cilik kang isih mlaku ing garis perjuangan kaya kang nate diikrarake.

“Ok, yen kowe ora sarujuk karo organisasi mahasiswa, banjur apa sing bakal koktindakake?” Nani rada emosional.

Inten mesem. “Ora kok aku ora sarujuk, Nan. Kuwi mung kritikku kanggo aktivis kaya kowe kuwi. Yen ditampa. Kepriyea wae mahasiswa tetep butuh organisasi, butuh gerakan. Mung aja nganti sawise ora dadi mahasiswa njur mandheg ngono wae,” mandheg sedhela, unjal ambegan. “Aku dhewe ya ora ngerti kudu miwiti saka ngendi anggone bakal andil ngowahi kahahan supaya bisa luwih becik. Gandheng bisaku saiki mung mulang cah cilik-cilik sakiwa tengen kene, ya lagi kuwi sing daktandangi.”

Nani mesem. Rada sinis.

“Ora gengsi, ya? Ora tau orasi, ora tau demo, ra muncul neng koran. Mung ngurusi cah cilik sing jare durung cakap untuk melakukan tindakan hukum.”

“E.. ora kok ngono, In,” Nani rada gugup, rumangsa kapethek pikirane.

“Pancen ya ngono nyatane,” Inten nyaut. “Masarakat nganggep bocah kuwi, kasarane, nembe separo menungsa. Mula bab kekarepan, pepinginan, pendidikan, kurang direwes dening wong diwasa. Lha kuwi rak kleru gedhe. Pola pikir, mentalise wong kang wis diwasa kuwi kabentuk wiwit cilik. Lha yen saiki arep ngowahi kahanan kanthi ngowahi pikirane wong-wong kang wis kabangun puluhan taun, kuwi kaya nguyahi segara. Bocah-bocah kuwi lho Nan, kang lagi tuwuh, perlu diwenehi kawigaten, diwenehi pendidikan ngenani urip lan panguripan.

Iklan

Tinggalkan Balasan

Isikan data di bawah atau klik salah satu ikon untuk log in:

Logo WordPress.com

You are commenting using your WordPress.com account. Logout /  Ubah )

Foto Google

You are commenting using your Google account. Logout /  Ubah )

Gambar Twitter

You are commenting using your Twitter account. Logout /  Ubah )

Foto Facebook

You are commenting using your Facebook account. Logout /  Ubah )

Connecting to %s