Singkar

36f73-kaversingkarsiluetbulanluka

Pitu

Gumrojoge banyu sumber kang diilekake liwat bumbung menyang kalenan keprungu saka kebon. Manuk-manuk kang nyusuh ing wit kokosan pating cruwit, ngantu biyunge kang golek pangan. Prenjak pating cruwet, sedhela ing ndhuwur wit waru, sedhela maneh wis bablas kekitrang sandhuwure wit meh.

Kurniawan panggah nggepyokake kembang salak lanang sacedhake kembang wadon. Alon. Kala-kala tangane kumlawe, nyablek lemut kang menclok ing awake. Banjur mbacutake gaweyane. Nyekeli nganggo tangan tengene lan digepyokake ing tangan kiwane sakupeng kembang wadon.

Nembe wingi sore dheweke bali. Sawise luwih sesasi keluwarga ing desane ora ditiliki. Ora kok merga lagi akeh garapan utawa rame gaweyan. Kuliahe wis rampung teori, kari nggarap tesis. Kuwi wae mung kari revisi, awit wis telung semester anggone nandangi. Pegaweyane minangka tentor bimbingan belajar uga kena disambi. Mung kaping papat sajeroning seminggu. Saengga akeh wektu sela menawa arep bali. Nyatane iku ora ditandangi. Malah karepe mono ora arep bali. Menawa makne ora telepon Narumi, njaluk tulung supaya Kurniawan bali, mesthi dheweke durung ana omah saiki. Kamangka biyen, prasasat pendhak tanggal abang dheweke mesthi bali.

Wiwit bapakne, Samhadi, lunga nggondhol kenya Sriyati, Kurniawan dadi aras-arasen bali. Wirang. Kewuhan bakal nyelehake rai ana ngendi. Kanggone, Samhadi iku tuladhane. Samhadi nom urip minangka anak buruh pabrik rokok ing ereng-erenge pegunungan, kidul wetan Prambanan. Adoh saka kutha. Adoh saka pawiyatan. Tekade sing gedhe kanggo golek ngelmu ngeterake Samhadi menyang kutha. Sekolah lan nyambut gawe kanggo ngragadi uripe dhewe.

Nalika Samhadi wis omah-omah nganti dadi wong tuwa, tekad kanggo terus golek ngelmu ora kendho. Wong lanang iku panggah sregep sinau. Bab apa wae. Mula ora gumun menawa dheweke dadi panutane warga, merga klebu wong kang monjo. Anak-anake uga maju kabeh sinaune. Kena kanggo tuladha tangga teparone. Kuwi biyen, sadurunge keconangan menawa Samhadi jebul duwe cim-ciman.

Sejatine Kurniawan krungu bab iku wis rada suwe. Saka tangga teparo kang ngeman marang keluwargane. Nanging nalika Kurniawan takon marang makne, Sartinah mangsuli menawa kuwi kabeh ora bener. Samhadi wong lanang kang becik, tresna marang bojo lan gemati marang anak-anake. Semono uga nalika dhuwit bayarane Samhadi kang diwenehake bojone saya suda, Sartinah panggah ora blaka. Yen anake takon kenapa sangune suda, diwangsuli yen dhuwite nembe kanggo prelu liya.

Pungkasane Sartinah wis ora bisa nutupi maneh nalika Samhadi nembung arep ngrabi Sriyati. Jare kenya kuwi wis ngandheg wijine lan menawa ora diningkah mesakake bayine. Sanalika Sartinah ngundang Kurniawan bali. Bendung mripate dhadhal pikirane bundhel. Wong wadon kuwi masrahake sakabehe marang anak mbarepe, Kurniawan.

Meh wae Kurniawan ngantemi bapakne nalika iku. Atine kemropok. Wong lanang iku prasasat wis ora ana ajine ing ngarepe. Minangka wakile makne, Kurniawan ora ngidine Samhadi ngrabi Sriyati. Kanthi pawadan apa wae, Kurniawan ora nglilani. Nalika diwenehi pilihan, mbacutake sesambungan karo Sriyati kang tundhane kelangan anak bojo utawa ninggalake Sriyati lan bali marang keluwargane, pranyata Samhadi ngeboti wong wadon kuwi. Sanalika pecah tangise Kurniawan. Tanpa mikir dawa, dheweke nundhung Samhadi lunga.

Ajur atine Kurniawan, semono uga makne lan adhi-adhine. Sadhar menawa urip kudu tetep lumaka senajan tanpa Samhadi, Kurniawan gage nglumpukake cuilan atine, ditata lan digathukake maneh. Minangka anak mbarep, dheweke duwe kuwajiban nggenteni wong tuwane, ngayomi adhi-adhine. Awit Sartinah ngambruk nganti pirang-pirang minggu suwene.

“Leren sik Le.”

Kurniawan njenggirat. Noleh. Suwarane Sartinah, makne Kurniawan, mecah kahanan kebon kang adhem lan sepi. Isih rangkepan jarik gupak blethok, wong wadon kuwi marani.

“Sik Mak,” Kurniawan mbacutake anggone nggepyoki. “Mung kari rong larik.”

“Wis entuk pirang-pirang ngene kok. Mengko diterusake. Rak durung sarapan ta? Simbok wis rampung le mangsak,” Sartinah nyedhaki.

Kurniawan leren. Nyawang makne sedhela. Mesthi makne selak luwe, batine. Padatan yen anake padha ana omah, Sartinah kepingin mangan bebarengan karo anak-anake. Pakulinan anyar. Biyen mono kaya wong desa umume. Nyepakake pangan kanggo anak bojo lan ora rumangsa perlu ngelingake, apa maneh ngajak barengan mangan. Kuwi biyen!

Bareng tininggal Samhadi lunga karo wadon liya, Sartinah rumangsa ana perangan kang ilang saka uripe. Najan wis ora tau ngambruk maneh, wong wadon iku asring thenger-thenger dhewe. Uripe kelangan daya. Dina-dinane malih peteng. Kebak luh. Rasa lara lan keranta-ranta. Sawah ora kopen, kebon kapiran. Tujune mbokne ora jeleh, sabendina ngelingake menawa anak-anake Sartinah isih padha mbutuhake tanggung jawabe.

Miwiti urip anyar, Sartinah mung kepingin ngesok katresnan lan kawigatene marang anak-anake. Ya wiwit iku dheweke kepingin mangan bareng, sameja lan crita-crita menawa anak-anake teka.

Sartinah mbungkuk, ngranggeh kembang salak lanang kang sumebar ing lemah.

“Wis ben dakresikane Mak,” Kurniawan menggak. “Kana bali sik, adus-adus apa priye. Aku nusul.”

Sartinah ngiyohi, banjur jumangkah ngetan. Kala-kala tangane kemlawe, nyeblakake godhong salak kang ngalangi pandelenge. Metu saka kebonan. Bablas. Mlebu liwat pawon lan bebarengan lawang kang nutup wong wadon iku ora katon.

Kurniawan teka nalika kabeh wis sumadya. Agus, adhine cer, wis nyidhuk sega. Makne gage njupukake piring kanggo Kurniawan, banjur nanduki.

“Sing akeh ya, wong ora mbayar we kok,” celathune Sartinah.

Mangan sinambi omong-omongan, gayeng. Tambah gayeng dene mbokne Sartinah kang rada suda rungon melu jagongan. Pangrungone kang slenco njalari wangsulane geseh karo kang dikarepake. Menawa wis ngono kabeh kang ana kana padha ngguyu. Untunge Simbok dudu wong kang cilik aten, rumangsa digeguyu ora kok nesu. Wong tuwa iku malah nyritakake pengalamane nalika kleru nanduki omongane wong-wong.

“Gabahe meh entek je Le,” tembunge Sartinah sawise padha rampung mangan lan tutug anggone ger-geran. “Mangka Agus sedhela maneh mbayar SPP.”

“Lha salake ya isih ana turahan,” Kurniawan mangsuli. “Aku ya duwe celengan sithik.”

“Celenganmu kuwi rak nggo sangu uripmu. Sekolahe adhimu ki tanggung jawabe wong tuwane,” Sartinah ngringkesi turahan mangan.

“Lha yen wong tuwane lagi ora duwe rak ya direwangi.”

“Ora, ora!” wangsulane Sartinah gage.

“Terus?”

“E…,” Sartinah rangu-rangu. “Priye yen njaluk,” ora dibacutake. “Njaluk… bapakmu?” tembung keri iki diucapake alon. Banjur nungkul.

“Wegah! Aku wis emoh urusan ro Bapak! Luwung nggolekake utangan tinimbang kudu ketemu Bapak!” Kurniawan mbrabak. “Wis ora usah mikir Bapak! Apa Mamak isih kepingin bali ro Bapak?”

“Le!” Sartinah rada mbengok. “Ora,” Sartinah kaca-kaca. “Babar pisan aku wis ora mikirake bapakmu. Aku mung mikirake kowe kabeh, anak-anakku. Bapakmu arep ngedan ya wis ben. Nanging dheweke ki rak bapakmu? Dadi hakmu kanggo njaluk tanggung jawabe. Ora mung tinggal glanggang colong playu. Ora ngopeni, ora ngragadi! Aku ora diopeni ora apa-apa. Nanging yen anake mung dinengke wae, aku sing ora trima.”

Kurniawan meneng. Yen dirasakake pancen bener kabeh tembunge makne. Nanging marani bapakne, njaluk dhuwit marang dheweke, ah ora sudi Kurniawan nandangi. Senajan kuwi kanggo adhine. Senajan kuwi mujudake tanggung jawabe bapakne.

“Wis aku wae sing mara,” Agus kang wiwit mau ora nyuwara celathu.

Kurniawan apa dene Sartinah mandeng bocah iku. Agus, anake kang meneng lan babar pisan ora duwe gunem iku nyaguhi marani bapakne. Sartinah ngrangkul anake sing tengahan. Luhe bali mbrudhul. Kelingan Samhadi, luhe Sartinah prasasat kali ing mangsa rendheng, tansah mili tanpa ana watese.

Iklan

Tinggalkan Balasan

Isikan data di bawah atau klik salah satu ikon untuk log in:

Logo WordPress.com

You are commenting using your WordPress.com account. Logout /  Ubah )

Foto Google

You are commenting using your Google account. Logout /  Ubah )

Gambar Twitter

You are commenting using your Twitter account. Logout /  Ubah )

Foto Facebook

You are commenting using your Facebook account. Logout /  Ubah )

Connecting to %s