Singkar

36f73-kaversingkarsiluetbulanluka

Wolu

Nyelehake gelas tanggung isi teh kang isih kemebul, Sulaiman celathu, “Leren sik. Wedange wis dadi lho.”

Narumi nglirik bojone saka ndhuwur kaca matane kang mlorot. “Sik, kari sithik,” banjur ingkul mbacutake anggone itung-itungan. Nglirik cathetan ing buku, banjur nunul kalkulator. Mengkono makaping-kaping nganti cathetan kabeh kawaca lan kaetung. Banjur ganti buku liyane. Kuwi buku-buku cathetan dagangan. Kabeh ana telu. Siji digawa karo pegawene kang tunggu kios. Siji digawa karo pegawene kang nyetori dagangan ing warung-warung. Lan siji maneh dheweke dhewe kang nggawa, kanggo nyatheti barang kulakan utawa barang kang payu langsung saka gudang.

“Kok geseh wae ki piye?” celathune Narumi marang awake dhewe. Cathetan diolak-alik maneh. Digoleki ana ngendi gesehe. “Hhh… wis sesuk wae!” Narumi mbanting alon bukune. Nyopot kaca matane. Kesel, ngantuk, nanging pegaweyan durung rampung.

Sulaiman kang nunggoni sinambi nonton tivi nyawang bojone. “Pirang-pirang dina kok geseh wae ki ngapa?”

“Mbuh iki,” Narumi nyruput tehe. “Sesuk esuk dakperiksane maneh.”

Lanang wadon padha srupat-sruput ngombe wedange. Suwara tivi kang mung capet-capet melu ngancani.

“Ora, prang-pirang dina aku kok ora weruh Nani ki menyang ngendi?” dumadakan Sulaiman pitakon.

Narumi nyelehake gelas. “Embuh!”

“Ora pamit pa ro kowe?”

Narumi ora wangsulan. Malah ngringkesi pirantine lan bablas mlebu kamar. Sulaiman nyawang bojone nganti ilang saka pandulu. Tanpa celathu. Ora suwe dheweke uga menyat, marani kamare Titok.

“Mbakyumu ki neng ngendi ta Le?”

Titok kang nembe gitaran gage mbekep senare. “Ngapa Pak?”

“Nani lunga ngendi?”

Titok nyelehake gitare. Marani bapakne. “Embuh. Wis dakgoleki neng nggone kanca-kancane ora ana.”

Sulaiman njengkerutake bathuke. Mesthi ana sing ora beres, batine. “Ro ibumu?” pitakone lirih.

Titok nglirik njaban kamar. Nyawang bapakne, manthuk.

“Geneya kowe ora kandha? Wis pirang dina?”

“Wingenane.”

“Ngapa? Bab Kurniawan?”

Titok manthuk maneh, rada rangu-rangu. Jeroning ati, dheweke sumelang aja-aja bubar iki bapak lan ibune kang padha gegeran. Rak tenan. Ora suwe sawise Sulaiman mlebu kamar, nyusul Narumi, keprungu suwara wong loro iku padha udreg-udregan. Pancen ora nganti bengok-bengok utawa otot-ototan, nanging kuwi wis menehi tandha menawa ing njero kamar perang wis kawitan.

Narumi ora menyat saka peturon. Ngungkuri bojone kang lungguh ing kursi.

“Nani kuwi cah wadon, rada nekad. Yen ana apa-apa, terus priye. Lha le nggoleki wae ana ngendi?” Sulaiman nyoba tetep sabar. “Anak lunga kok bapakne ora dikandhani.”

“Nek butuh mulih rak ya mulih dhewe. Wong wis gedhe,” Narumi sengol.

“Lha geneya rumangsa yen anake wis gedhe. Mula ben dheweke milih dhewe dalan uripi. Aku wis omong, bola-bali, ora usah nyampuri urusan pribadine! Yo ben Nani milih priya kang disenengi. Wong tuwa kari nyawang. Yen anak seneng melu seneng, yen susah ya sabisa-bisa melu ngenthengi.”

“Yen saiki wae wis isa diwaca bakal susah tembe mburine, ngapa ndadak ngenteni nganti kedadeyan?” Narumi tangi. “Kurniawan kuwi bocah sing becik, keluwargane genah, sekolahe uga genah. Saora-orane minangka wong tuwa, awake dhewe wis bisa nyicil ayem, bakal masrahake anak wadon marang wong kang wis cetha dina ngarepe.”

“Rum! Urip kuwi ora ajeg,” Sulaiman ngadeg, nyedhaki Narumi. ”Kang saiki katon mulya, besok bisa dadi rekasa. Karo maneh wong wis genah Nani dadi sedhih kok isih gawe pawadan arep nyenengake anak.”

“Kuwi merga dheweke durung ngerti, durung mikir. Aku wis ngalami, Pak! Kokkira aku ya sanalika gelem pa karo sampeyan? Ora! Ning Simbok meksa. Aku kudu rabi ro sampeyan yen kepengin urip seneng tembe mburine!”

Klakep. Sulaiman wis ora cumuwit maneh. Luwung metu saka kamar, klekaran ing dhipan sacedhak gudang. Ngengakake cendhela sithik. Sumilir angin wengi mbrobos mlebu liwat selaning cendhela. Genjrang-genjrenge gitar lamat-lamat keprungu saka njero kamare Titok kang tutupan rapet. Sulaiman mung kelap-kelop nyawang pyan.

Kedadeyan likuran taun kepungkur kang banjur kledhang-kledhang ngabyuk ing pangelinge. Prawan kencur Narumi kang ditemoni ing selepane Kaji Sanip. Mbok randha Sipon lan anake cilik-cilik cacah lima. Nurdin, nom-noman mburi omahe Sipon kang nresnani lan ditresnani Narumi…

Yen biyen ngerti Narumi wis nibakake katresnan marang Nurdin, mbokmenawa Narumi ora ana kene saiki. Mbuh emane mbuh untunge, Sulaiman nembe ngerti menawa Narumi lan Nurdin padha tresna-tinresnan sawise rembug dadi, mung kari ngenteni dina ijabe teka.

Kaya padatan menawa adhine kang ragil, Tarinah, wis hak-hik ngantuk Narumi nggendhong bocah kuwi ing kebonan mburi. Dina iku lawang ngarep menga, lali ora diinepake. Sulaiman kang mara lan uluk salame ora antuk wangsulan bablas mlebu. Ora ana pawongan. Semono uga nalika nginguk pawon. Sepi. Kebul saka kayu kang nembe dicecek isih kumelus. Lawang mburi katon menga. Sulaiman nginguk menjaba. Katon Narumi nggendhong adhine, ngungkuri dheweke. Salaiman wurung metu. Merga ing sandhinge, ngadeg nom-noman kang gupak blethok saawake. Merga kepingin ngerti apa kang nembe ditindakake kekarone, dheweke nginguk saka selaning lawang.

Bocah loro padha cecaturan. Embuh apa wae kang dicatur, Sulaiman ora bisa krungu. Let sedhela katon pundhake Narumi kang munggah mudhun. Sirahe didhungklukake. Nganggo selendhang kang kanggo nggendhong adhine, dheweke nutup raine. Nom-noman iku ngrangkul, nyelehaki sirahe Narumi ing pundhake. Meh wae Sulaiman metu, ora trima calon bojone dirangkul dening lanang liya. Nanging diurungake. Dheweke malah banjur bali menyang ngarep. Lungguhan ing lincak sandhing lawang. Atine kumranyas. Jebul mengkono kang ditindakake Narumi nalika adhine padha sekolah lan mbokne ana sawah.

Nalika mara maneh liya dina, Sulaiman takon karo Sipon, sapa nom-noman kang sok liwat mburi omah yen bali saka sawah. Senajan Sulaiman durung nyritakake apa kang kedadeyan, Sipon wis tanggap. Mengkonoa dheweke mangsuli, “Nurdin ayake, anake Mbah Ali mburi omah kuwi.” Pepinginane Sulaiman miterang sapa Nurdin lan ana sesambungan apa karo Narumi ora dibacutake merga Sipon banjur mlebu, sajake nggoleki Narumi.

Dina terus lumaku tanpa gelem ngenteni Sulaiman kang durung kasil ngluluhake atine Narumi. Oleh-oleh apadene hadiah kang digawa ora bisa mbiyantu. Senajan kenya kuwi gelem nyuguhake wedang nanging Sulaiman ngerti, kuwi mung merga wedi karo Sipon. Mula nalika sawijining wengi, sadurunge ijab kabul dilaksanani esuke, Narumi ora katon neng omah, Sulaiman ngerti ana ngendi kudu nggoleki.

Omahe Nurdin sepi. Mbokne, kang uga randha lan asring kasebut Mbah Ali, rewang ing omahe Narumi. Semono uga mbakyune kang isih saomah karo dheweke. Sulaiman niling-nilingake, mbokmenawa ana suwara saka njero omah kuwi. Panggah sepi. Banjur dheweke mlaku ngulon, turut kebon salak tumuju kalenan kulon desa. Durung nganti metu saka kebon, Sulaiman meruh regemenging wong mlaku alon-alon rada kadohan. Bareng wis metu saka kebonan, nembe cetha menawa ora mung wong siji, nanging loro. Tekan pinggir kalenan kekarone mandheg. Sing siji melumpat dhisik, banjur kang isih keri ngulungake tangane kang banjur dicekel, ditulungi dening sijine. Ora pangling, kuwi Narumi lan Nurdin. Cahya mbulan samar-samar mbiyantu Sulaiman nyepadakake pawongan loro iku.

Nalika wong loro iku wis menggok nengen, nembe Sulaiman metu saka kebonan, melumpat kalenan lan ngetutake kekarone saka kadohan. Turut galengan kang isih rada jemek Narumi lan Nurdin terus lumaku. Tanpa mangerteni menawa Sulaiman nginthil ana mburine.

Ing cedhak grumbul sawah wetan desa, kekarone mandheg. Sulaiman amping-amping ing wit sacedhake. Saka kana dheweke meruhi, wewayangan kang ditutake padha rerangkulan. Ora suwe. Wewayangan Narumi katon mlaku ngulon nurut galengan, dhewekan. Kala-kala mandheg lan noleh marang wewayangan kang isih keri ing grumbul.

Meruhi kang ditutake bali mlebu desa, Sulaiman nututi. Alon-alon supaya ora ngagetake Narumi.

“Ndhuk,” Sulaiman cluluk.

Narumi kang isih mingseg-mingseg noleh. Kaget meruhi Sulaiman wis ana mburine. Tanpa aweh wangsulan, prawan kencur iku bablas mlayu lan ilang ing petengan.

Iklan

Tinggalkan Balasan

Isikan data di bawah atau klik salah satu ikon untuk log in:

Logo WordPress.com

You are commenting using your WordPress.com account. Logout /  Ubah )

Foto Google

You are commenting using your Google account. Logout /  Ubah )

Gambar Twitter

You are commenting using your Twitter account. Logout /  Ubah )

Foto Facebook

You are commenting using your Facebook account. Logout /  Ubah )

Connecting to %s