Singkar

36f73-kaversingkarsiluetbulanluka

Sanga

Suwara bocah-bocah padha pating brengok sinambi playon, njalari Nani ngelekake mripate. Nyawang jam tembok ing ngarepe. Meh jam papat. Ditoleh, Inten wis ora ana ing sandhinge. Kethap-kethip sedhela. Durung nganti menyat, wis keprungu suwarane Inten ngruruhi dheweke.

“Wis tangi Jeng,” katon Inten kang wis dandan rapi. Rambute keritinge kaya padatan, dikucir siji. Wedhakan tipis lan nganggo benges lamat-lamat.

“Arep menyang ngendi, kok wis ayu?” pitakone Nani karo lungguh.

“Lho, biasane aku rak ya ayu ta?” Inten mringis. “Arep mulang cah-cah kae neng ngarepan. Melu ya?”

“Mulang apa? Aku ra isa mulang bocah-bocah.”

“Tak ajari. Wis kana adus sik. Sing arep diwulang wis wangi jare,” celathune Inten karo njupuk tumpukan buku cerita kang banjur digawa metu.

Isih rada aras-arasen Nani metu, bablas tumuju jedhing. Padatan yen durung keprungu adzan maghrib dheweke durung gelem adus. Gandheng saiki nembe nunut ing omahe Inten, mula ya kudu manut karo sing dinunuti. Rampung adus, kenya kuwi dandan sacukupe. Jungkatan lan ganti kaos kang isih resik. Dene celanane sengaja ora ganti. Ngirit.

Nalika metu saka omah, katon bocah cilik-cilik pada ngadeg ing latar gawe kalangan. Inten ing satengahe. Nani mandheg ing lambe teras.

“Wis cetha ta? Aja lali nyepadakake apa wae kang diliwati. Kelingan ora sapa wae kanca sakelompoke?”

Bocah-bocah mbengok bebarengan, “Kelingan…”

“Setengah jam wis kudu rampung lho ya. Yen wis teka, mengko ndang ditulis utawa digambar. Kae alat tulise, neng teras. Wis budhal. Budhal,” Inten keplok kanggo mbubarake bocah-bocah ing kalangan iku.

Sawise kabeh bubar, dheweke nyedhaki Nani kang malang kerik ing teras. “Lungguh kana lho,” kandhane.

“Padha menyang ngendi cah-cah mau In?” pitakone Nani.

“Mubeng desa. Ana sing ngulon, watese tekan pabrik mebel kana. Sing ngetan tekan kandhang sapi kelompok, sing ngidul tekan sawah wates desa, lan sing ngalor tekan entek-entekan desa.”

“Kon ngapa wae?”

“Ya ndeleng-ndeleng kahanan desane,” wangsulane Inten entheng. “Senajan manggon ing desa kene, durung karuan cah-cah kuwi paham apa wae kang ana ing sakupenge. Mangka blusukan tekan sawah, tekan pabrik utawa kandhang sapi ki ya wis saben dina. Ning rak ora patiya nggatekake apa wae sejatine kang ana ing kana. Mula dakbagi sajeroning kelompok supaya siji lan sijine bisa padha ngelingake.”

Kekarone meneng sedhela. Sauntara. Katon bocah siji loro kang isih kecer ing lurung ngarep omah.

“Lha kowe dhewe saliyane nggarap skripsi ngapa?” Inten bali celathu. “Isih neng BEM*?”

“Isih, ya ora neng kepengurusan inti, ning tetep akeh gaweyane. Neng pengkaderan.”

“Apa wae gaweyane?” Inten bali pitakon.

“Yen gawene sing gedhe ya mung pendhak semester. Ning follow up-e ra ngerti wayah. Nempleki kader potensial kuwi lho.”

“Lha kok ndadak ditempleki? Bolong apa priye?” Inten semu guyon. “Yen jenenge potensial ki ra usah ditemplek mesthine wis dadi.”

“Ya jenenge potensial kuwi rak nembe duwe potensi. Yen ora diasah, ora dikeruk ya ora dadi. Senajan katone wis luwih maju tinimbang kanca liyane, nanging isih akeh kang kudu dipenerake utawa ditambah pengetahuane. Kowe rak ya ngerti dhewe, kanggo mahasiswa jaman saiki, kuliah ki sing penting ndang lulus, entuk indeks prestasi apik. Sukur njur entuk gaweyan sing bayare akeh. Mula mahasiswa sing mikir kuliah ki golek ngelmu, dianggep rada maju. Apa maneh sing mikirake menawa ilmu iku bisa kanggo mbiyantu wong liya. Wah, iki saya langka,” Nani njlentrehake.

“Terus tekan ngendi le nemplek mau? Mung tekan sakupeng kampus ta?”

“Fokuse pancen mahasiswa, ning ora ateges kegiatane mung neng kampus karo mahasiswa. Ana sing mbangun gerakan neng desa, pancen iki kurang diminati karo cah-cah. Ning kuwi ana,” mandheg sedhela. “Kowe ki lho seprana-seprene kuliah kok ya ra ngerti. Mulane dolan-dolan ta.”

“Iya ya, ben katon gagah ngono.”

“Ora perkara gagah, In. Nanging awake dhewe rak kudu tumindak kanggo mbenahi negeri lan bangsa kita iki. Yen kabeh mung mikirke sinaune, tanpa gelem mikir kahanan sosial, budaya, ekonomi, politik, lan sapanunggalane kang ora diwenehake dening dosen ing ruang kuliah, terus sesuke kita arep dadi apa? Jenenge wae sing mahasiswa, katone mentereng. Nanging ngertine mung sing dadi bahan ujian.”

“Mula luwih becik dadi mahasiwa sing aktifis, iya ta? Aksi, macetake dalan, mlebu tivi, koran, dadi kondhang. Ta? Durung maneh kuliahe kethetheran.”

“Ah, kowe ndeleng organisasi mahasiswa kok mung eleke. Mbokmenawa ya kaya ngene iki umume mahasiswa mbiji organisasine dhewe!” Nani lekas panas.

“Ora kok arep miyak alane, aku mung nyritakaake gambaranku ngenani organisasi mahasiswa,” Inten mbelani. “Organisasi mahasiswa! Iya ta?” Inten nandhesake. “Mula yen wis ora dadi mahasiswa, ya ora beda karo wong liyane. Golek gaweyan, dadi manten, duwe anak, urip kepenak. Wis! Ora ana tilase le dadi aktifis mahasiswa.”

Nani meneng, ora aweh wangsulan. Ngeling-eling, sapa wae seniore kang isih panggah ing gerakan, sapa kang kianat, utawa ora loro-lorone. Mbokmenawa pancen bener kandhane Inten, aktifis mahasiswa, akehe pancen mung aktif nalika isih dadi mahasiswa. Rampung kuliah, lulus, banjur padha golek urip dhewe-dhewe, nglalekake perjuangane. Mung saperangan cilik kang isih mlaku ing garis perjuangan kaya kang nate diikrarake.

“OK, yen kowe ora sarujuk karo organisasi mahasiswa, banjur apa sing bakal koktindakake?” Nani rada emosional.

Inten mesem. “Ora kok aku ora sarujuk, Nan. Kuwi mung kritikku kanggo aktifis kaya kowe kuwi. Kuwi yen ditampa,” unjal ambegan sedhela. “Kepriyea wae mahasiswa tetep butuh organisasi, butuh gerakan. Mung aja nganti sawise ora dadi mahasiswa njur mandheg ngono wae,” mandheg maneh. “Aku dhewe ya ora ngerti kudu miwiti saka ngendi anggone bakal andil ngowahi kahahan supaya bisa luwih becik. Gandheng bisaku saiki mung mulang cah cilik-cilik sakiwa tengen kene, ya lagi kuwi sing daktandangi.”

Nani mesem. Rada sinis.

“Liyane nggarap bocah-bocah, nggarap sapa maneh?” Nani pitakon.

“Ora ana. Ngapa?” Inten nyawang Nani.

“Ora,” wangsulane Nani karo gedheg.

“Kurang gengsi? Kurang gaya?” Inten manthuk-mantuk. “ Hm, aku ora ngoyak gengsi, ora ngoyak gaya,” Inten mangsuli dhewe pitakone.

“E.. ora kok ngono, In,” Nani rada gugup, rumangsa kapethek pikirane.

“Pancen ya ngono nyatane,” Inten nyaut. “Masarakat nganggep bocah kuwi, kasarane, nembe separo menungsa. Belum cakap melakukan tindakan hukum. Mula bab kekarepan, pepinginan, pendidikan, kurang direwes dening wong diwasa. Lha kuwi rak kleru gedhe. Pola pikir, mentalitase wong kang wis diwasa kuwi kabentuk wiwit cilik. Lha yen saiki arep ngowahi kahanan kanthi ngowahi pikiran kang wis kabangun puluhan taun, rak mung kaya nguyahi segara. Bocah-bocah kuwi lho Nan, kang lagi tuwuh, perlu diwenehi kawigaten, diwenehi pendidikan ngenani urip lan panguripan. Supaya bisa dadi aktor perubahan, ora kok malah dadi perangane persoalan.”

Nani meneng, ngrasakake tembung-tembunge Inten, kanca lawase. Kenya kang asring glenyengan kuwi jebul beda karo panyanane. Inten jebul luwih maju pikirane tinimbang dheweke. Mbokmenawa ya kaya mengkono iku Inten. Ing patemon karo kanca-kancane panggah glenyengan, ora nuduhake sapa satemene dheweke. Kamangka ing sawalike iku dheweke pranyata kenya kang duwe pikiran adoh lan kebak pretungan.

Inten ora rumangsa perlu bengak-bengok, kaya dheweke lan kanca-kancane. Inten cukup tumindak. Ora muluk-muluk. Saka perkara kang cilik, kang tinemu ing sakiwa tengene. Ah, Nani rumangsa isin. Dheweke kang bintang lapangan, ratu orasi, saiki rumangsa ora ana apa-apane ing ngarepe Inten, kanca lawase.

Mbaka siji bocah-bocah mau padha bali. Sinambi padha crita utawa guyon rame, mlebu ing pelataran. Inten menyat. Marani.

Iklan

Tinggalkan Balasan

Isikan data di bawah atau klik salah satu ikon untuk log in:

Logo WordPress.com

You are commenting using your WordPress.com account. Logout /  Ubah )

Foto Google

You are commenting using your Google account. Logout /  Ubah )

Gambar Twitter

You are commenting using your Twitter account. Logout /  Ubah )

Foto Facebook

You are commenting using your Facebook account. Logout /  Ubah )

Connecting to %s