Singkar

36f73-kaversingkarsiluetbulanluka

Sepuluh

“Ngati-ati lho Sa karo wong kae,” Mbak Marni kang nembe nyapu ing ngarepan nglegakake nyabrang dalan kampung sangarep omahe, kanggo marani Nusa sapungkure Heri.

“Iya, Mbak. Nuwun dielingake,” wangsulane Nusa.

Wong wadon kang udakara sepuluh taunan luwih tuwa tinimbang Nusa iku wis ora beda karo sedulure dhewe. Sasuwene manggon ana Singkir kene, ya wong iku kang nggatekake uripe. Senajan ora kaping telu, nanging saben dina Mbak Marni mesthi ngransum dheweke. Sega jangan salawuhe. Menawa ora diterake, padatan anake utawa Mbak Marni dheweke kang ngudang Nusa mangan bebarengan. Mangan saanane. Awit Mbak Marni sekeluwarga mono uga dudu wong kang sugih ing desa kene. Duwe sawah ora patiya ambane. Kanggo nyokong panguripane, bojone dadi buruh pabrik kerajinan ing cedhak kutha kana. Nglaju, menyang mulih telung puluh papat kilometer sabendinane.

Ya mung marang Mbak Marni sekeluwarga padatan Nusa sambat menawa ana perkara kang ngebaki pikirane. Ora mung merga Mbak Marni tangga kang paling cedhak omahe, adhep-adhepan keletan dalan kampung, nanging uga merga Mbak Marni sekeluwarga paham marang kekarepane Nusa.

“Bab desa wisata maneh?” pitakone Mbak Marni.

Nusa gedheg, “Dudu. Arep nyalon ketua pemuda. Aku kon dadi tim suksese.”

“Heh. Sarjana anyaran! Ya rung karuan menang. Wong srawung tangga wae ora nate,” Mbak Marni menjeb banjur minger arep bali marang pegaweyane. Durung limang jangkah bali madhepNusa, “Wis mangan durung? Aku masak lodheh kacang kae.”

“Matur nuwun Mbak, aku mau masak. Mentas diwenehi kompor anyar karo kanca, dadi wis bisa masak maneh,” wangsulane Nusa karo manthuk.

“Alah kowe ki wis dadi wong desa isih nggaya. Ora duwe kompor ya nganggo kayu ta,” Mbak Marni mungkur.

Nusa ngguyu krungu olok-oloke Mbak Marni. Senajan wis manggon neng desa, nanging isih akeh pakulinane wong desa kene kang durung bisa dilakoni. Kalebu masak nganggo kayu. Ora telaten. Le masak ora mateng malah sangit kabeh, kathik mripate pedhes pisan.

Nalika Mbak Marni wis nyabrang dalan, Nusa bali mlebu omah. Omah model saiki kang cilik lan cekli, tanpa saka kaya umume omah-omah desa. Jobine keramik gilap, dene pyane asbes kang dicet putih resik. Omah kang dienggoni tanpa kudu aweh sewan. Pak Karjo, sing duwe omah pilih manggon ing omah lawase kang madeg ing sisihe. Uga dhewekan. Bojone wis ninggalake dheweke lan rabi karo wong liya. Dene anake kang mung siji bebara menyang Malaysia dadi buruh pabrik elektronik. Tinimbang suwung ora ana kang ngrumati, mula wong tuwa kuwi nawakake omahe minangka posko KKN nalika jamane Tori. Rampung KKN, menawa Tori sakanca mara, panggah omah kuwi kang dadi jujugan. Menawa kewengen, padatan Pak Karjo akon bocah-bocah kuwi nginep sisan. Omahe cumawis kanggo Tori sakanca sawayah-wayah.

Bablas mlebu kamar, Nusa ngebrukkake bokonge ing kursi. Ngedhep meja cilik saka kayu nangka gaweyane Pak Karjo kang katon isih kasar tanpa plituran. Mbrengkal tumpukan dluwang ing ngarepe, golek kang isih kothong ing sawalike lan lekas urak-urik gawe cathetan. Sabisa-bisa apa kang kedadeyan ing Singkir kene dicathet dening Nusa. Cathetan kuwi kang mbiyantu pegaweyane minangka motivator warga. Pegaweyan? Ah, padatan Nusa sok banjur mesem kecut menawa diajak caturan bab pegaweyan. Kanggone, ing donya iki ora ana wong kang nganggur, tegese kabeh wong duwe pegaweyan. Mung perkarane pegaweyan kuwi ngasilake dhuwit apa ora, saupama ngasilake murakabi kanggo ragad urip utawa ora. Kuwi wae.

Kaya dene Nusa, pegaweyane meh ora ana enteke. Wiwit manggon ing kene, rong taun kepungkur, saben dina tansah mubeng, marani warga kang padha patemonan utawa jejagongan. Ora arang dheweke turut omah, marani mbaka siji. Nerusake pegaweyane Tori aweh seserepan marang warga bab bebayane insectisida lan pestisida kanggo uripe menungsa. Senajan Tori wis miwiti, ora ateges pegaweyane Nusa luwih entheng. Menawa Tori dhek semana nembe bisa menehi pangerten marang Pak Karjo lan sakiwa tengene, Nusa duwe pegaweyan kang luwih gedhe. Jeroning rong taun dheweke kudu bisa ngajak warga sapedukuhan Singkir ninggalake pestisida lan insektisida. Nusa kudu ngenalake lan ngajak warga mbudidayaake pertanian organik. Tetanen kaya kang nate dicaki dening leluhur kita kang wis telung puluh taunan ditinggalake. Tetanen tanpa obat lan rabuk kimia gaweyan pabrik.

Dudu bab gampang ngajak warga ninggalake pakulinan migunakake obat lan rabuk pabrikan. Mangsa telung puluh taun menganggo obat-obatan mau wis ndadekake para tani, warga ing Singkir, rangu-rangu bakal bali marang cara tetane luluhure. Wis ora telaten maneh gawe rabuk dhewe, sumelang menawa panane malah dadi ala, lan sapanunggalane. Apa maneh nalika Nusa ngajak warga supaya bali nandur pari lokal kaya dene raja lele, menthik lan sapanunggalane, pari-pari lokal kang mangsa panene luwih dawa. Warga saya sumelang kepriye kudu masarakake, awit regane kang mesthi luwih larang tinimbang pari kang diwenehi bandrol unggul kaya dene C4.

Untung Pak Karjo lan siji loro warga sakiwa tengene kang wis nyoba nandur pari lokal bisa mbuktekake menawa asile ora kalah adoh karo pari unggul. Panggulawenthahe kang mawa cara tradisional, tanpa obat-obatan, pancen luwih repot tinimbang pari unggul. Nanging sejatine rak luwih irit amarga rabuk bisa digawe dhewe saka tlethong lan gegodhongan kang ana ing sakiwa tengene dhewe. Lan sing luwih baku, kanthi bali marang pari lokal iku petani melu njaga kesehatane warga supaya ora saya numpuk sisa pertisida lan insektisida sajeroning awake. Dene bab pemasaran, Tori sakanca kang sepisanan ngusahaake mbukak jaringan. Sabanjure, warga ngedekake kelompok kanggo ngurusi bab kuwi.

Nembe nulis setengah kebet Nusa leren. Pulpene dithuthuk-thuthukake ing bathuke alon. Mikir apa kang perlu ditulis maneh ngenani Heri. Saelingi, sapa Heri lan kepriye aktifitase wis tinulis kabeh ing cathetan sadurunge. Nusa ngolak-alik maneh tumpukan dluwang ing ngarepe. Nggeret bendhelan dluwang lan banjur dibiyaki. Ketemu. Wis tinulis ing kana nom-noman Heri kang nembe ngrampungake sinaune ing sawijining pawiyatan luhur ing Yogyakarta. Sarjana sosial ekonomi pertanian anyar, anake Pak Parjono sawijining perangkat desa, mengkono Nusa nulis, sedina sawise Heri mara medharake ngen-ngene ndadekake Singkir minangka desa wisata lan njaluk panyengkuyunge Nusa supaya rembugan karo para warga.

“Neng Sleman Mas, desa wisata ki wis pirang-pirang. Bantul wae kang ketinggalan. Mangka yen daksawang Bantul ora kalah karo Sleman. Delengen Singkir iki coba. Papan kang ana ereng-erenging gunung iki dadi daya tarik tersendiri lho Mas,” ujare Heri nalika semana.

Nusa mesem. Kelingan nalika sepisanan dheweke mrene lan komentar menawa desa iki eksotis. Ah, sajake Heri wis kesuwen ana kutha saengga nalika bali mripate wis beda. Meh sejam suwene Nusa meneng, ngrungokake kojrahe Heri ngenani desa wisata kang jare bisa nekakake pemetu lumayan kanggo warga kanthi nyewaake omahe, dodolan pemetu sawah lan kebone, utawa dadi pemandu wisata. Saengga warga ora kudu keraya-raya bebara menyang kutha kanggo golek panguripan.

Sawise Heri tutug anggone kandhan, nembe Nusa celathu, “Sampeyan ngerti ora apa wae kang kudu dicepakake kanggo ndadekake Singkir desa wisata? Banjur kira-kira apa dampak kang bakal muncul menawa desa iki sampeyan dadekake desa wisata?”

“Persiapane ya mung nyepakake papan kanggo nginep, kanggo mangan, kanggo blanja. Rak mung kuwi intine plesiran. Perkara dampak rak wis dakandharake mau kae. Peningkatan ekonomi!” Heri panggah nggleleng.

Nusa mesem, “Mas Heri, aku ngerti karep sampeyan becik. Sapa kang ora kepingin desane makmur. Nanging ndadekeke Singkir desa wisata dakkira ora bisa sakdheg saknyet kaya ceritane sampeyan iki. Awake dhewe kudu rembugan karo warga, menehi seserepan, apa desa wisata kuwi, kepriye panggulawenthahe, nganti kepriye dampake. Babagan budaya, mesthi warga kene kena imbase para pelancong kuwi. Ya yen budaya kuwi becik tumrap awake dhewe, yen kanggone awake dhewe kurang becik, mesthi bakal dadi perkara. Banjur bab sampah. Ing ngendi-ngendi papan plesiran ing Indonesia, sampah kuwi dadi perkara. Apa kita siap? Wong nggarap sampahe dhewe wae durung bisa kok. Lha, sing uga kudu dipikirake, ragad kanggo nyiapake ora sethithik, lho Mas.”

“Nyuwun sewu ya Mas. Aku ki ora butuh ceramah ngono kuwi. Aku mrene ki merga ngerti njenengan cedhak karo para warga, saengga bisa nerangake lan njaluk panyengkuyung ngenani rencana iki,” Heri rada srengen. Bathuke njengkerut kenceng.

“Wah… kuwi mesthine ya sampeyan luwih ngerti. Karo maneh sampeyan rak asli warga kene dadi luwih dipercaya dening warga,” wangsulane Nusa panggah kalem.

“Ya wis yen ora gelem dijaluki tulung. Aku pamit,” tanpa ngenteni wangsulane Nusa, Heri menyat banjur klepat metu saka omah.

“Ndherekake ya Mas. Matur nuwun didolani,” Nusa nguntapake.

Heri nyandhak motore kang diparkir ing latar. Nyetarter banjur nggeblasake kendharaane tumuju njero kampung tanpa noleh maneh. Nusa mung bisa nyawang karo gedheg-gedheg lan mesem tipis.

Iklan

Tinggalkan Balasan

Isikan data di bawah atau klik salah satu ikon untuk log in:

Logo WordPress.com

You are commenting using your WordPress.com account. Logout /  Ubah )

Foto Google

You are commenting using your Google account. Logout /  Ubah )

Gambar Twitter

You are commenting using your Twitter account. Logout /  Ubah )

Foto Facebook

You are commenting using your Facebook account. Logout /  Ubah )

Connecting to %s